Friday, July 26, 2013

Cerito wengi.....

;;) Maaf bagi yang kurang paham dengan bahasa-nya, ini pake versi JAWA monggooo..... Mbah Tarjo, sing wis tuo tur ringkih, nulis layang kanggo anake sing lagi di-tahan neng penjara merga di-tuduh terroris. "Kirno, Bapak wis tuo tur ringkih, saiki wis mangsane nandur jagung, kowe isih di-tahan, trus sopo sing ngewangi Bapak macul ?" Let se-minggu Kirno mbales layange Bapake, di-titipke Sipir Penjara : "Pak, tenan ya, kebone aja di-paculi dhisik, aku mendem bedil neng kono Pak..demi Alloh aja di-paculi !"... Ra ngertiyo layang di-sensor petugas lapas, sesuke sak pleton Densus 88 Anti Teror maculi kebone Pak Tarjo nggoleki senjata. Mbah Tarjo kirim layang maneh : "Kir, bar tak tampa layangmu, sak pleton Densus 88 Anti Teror maculi kebon golek senjata, tapi ora hasil. Trus aku kudu piye ?" Ra let suwe Kirno bales : "Nah saiki langsung di-sebari winih jagung wae, kan wis di-paculi Pak Polisi. Ojo lali ngaturke matur nuwun kanggo Pak Kapolri."

No comments: