Saturday, August 3, 2013

Diwoco sek yo..

Iki Polisi kabeh sak Indonesia mulai sebtu (3/08/2013) nglaksanake "Operasi Zebra 2013" Bareng-bareng suwene 14 dino, mulai 3 agt s/d 17 agt 2013 Nek saiki gek akeh operasi, ojo heran, ojo njuk muni "pantes, gawe mudik !! Polisine wis do ra nduwe duit njuk akeh operasi..." Tp mmg saiki polisi sak Indonesia gek ono program Operasi kupaat candi tp yo cen ndilalah pas tanggal riyaya barang... Neng oprasi iki Polisi luwih mentingke kegiatan Pre Emtive, Preventive seng didukung penegakan hukum kanggo pelanggaran lalu lintas seng marai nyebabke Tabrakan, kejahatan kendaraan lan ngglangsarr,,,. Sampekke neng Sedulur, tonggo, guru, konco, pacarmu, mbahmu, pakdemu, mbokdemu Lan kabeh handai taulanmu supoyo nglengkapi dokumen Kendaraane (SIM karo STNK) BPKBne rasah digowo ndak ilang, lebokke pegadaian wae malah oleh dwit.. Kelengkapan kendaraan yo dinggo (HELMe sik standar, ojo ming nganggo cumplung utowo sigaran bal, SPION loro kiwo tengen ojo deleh kiwo kabeh, PLAT NOMER'e seng biasa wae rasah dibentuk2 seng aneh2 opo meneh ditulisi jenenge mbahmu ndak malah ketok wong aLay) Seng nyopir mobil ojo lali nganggo sabuk pengaman ojo mung nggo pajangan, nek mobile ra ono sabuk pengamane yo nganggo debok garing utowo tali rafia.. seng numpak motor Roda 2 supoyo ttp ngurepke lampu (awan karo bengi) seng lampune pedot ndang ditukokne, wong tuku Blackberry we kuat kok tuku lampu mangewu wae aras-arasen.. Wis yo.. mbok laksanakke yo alhamdulillah ora mbok laksanake nek ono opo2 yo urusanmu wong aq udu wong tuamu.. Yo to.. taati aturan lalu lintas yow nde konde.. #SORRY cuman nerusin BC aja

No comments: